Catatan Kangen
Catatan Kangen
ono sing mili ananging dudu banyu
rasane anget mung amerga esemmu
angin sing ora ana suarane wae
saguh ngobahake godhong-godhongan
opomaneh atimu
sing pating clerit suarane
senadyan langit koyo kebak tatu
jangkah laku sangsaya sempyah
embuh kesambet setan paran
koyo kitiran
sing kegunting tali katresnan
Nanging mbokyao wang sinawang
Kae, yen godhong-godhong wis padha gegojegan, pesthine nudhuhake lakune angin senadyan ora keno disawang
kaya bocah-bocah sing padha guyonan
yen wis ana rasa kangen
kuwi tondho wujuding katresnan
wis go
Cetho barang ora katon
Lha kok nekat didelikno
ora usah ngguya-ngguyu
pancen anane ngunu
ono sing mili ananging dudu banyu
rasa anget ning njero atiku
mung amerga esemmu
Lilstoples, Minggu, 18082024
Komentar
Posting Komentar